Minggu, 04 Februari 2018

Rumah sendiri: PPG SM3T VI Big Bugar

Kemekelen aku..
Lha ngopo e Dham?
Bar mlayu2 aku, Ham.. edun.. mubengi alun2 wates.. ckck..
Halah, ngono we kesel... Cemen kui mah..
Ping 3 mbul,. Padakno.. eh, sik sik.. kok awakdewe nganggo boso jowo.. ngko fans ku
ono sik gak mudeng no..
Halah emen.. edisi sik saiki nganggo boso jowo wae.. improvisasi.. haha
Iyo sih, ben apik yo.. lain dari yang lain.. the best koe, Ham..
Halo cah.. kuesel aku dino iki.. bar tes kebugaran ning kampus wates..
Isuk-isuk kon madang , bar kui kon nimbang berat badan.. halhayo nambah to ngko yen ditimbang.. wkwk..
Mau kae bar madang njut antri,. Maju sithik-sithik.. presensi.. trus di wehi form data diri n pengukuran..
Di timbang timbang.. bobotku 47kg.. waks.. lha kok mah mudun sekilo.. wkwk..
Wis to, bar kui ngukur duwur.. lha nek sik iki wis gak iso di owah2.. 155cm..
Bar kui nulis data diri trus data pengukuran..
Mlaku ning gerbang gedung sebelah.. kon baris 2 banjar.. mlaku per kloter nang Alun-alun Wates.. thimik thimik.. yo adoh juga jebule hahaha
Tekan kono antri giliran mlayu per kloter..
Sambi nunggu, ndeleng wong do aerobik Ning lapangan alun-alun Wates.. gek welokk lho, ono simbah-simbah jan wis putih rambut e.. semangat bianget melu aerobik, walaupun gerakan e ra sinkron karo instruktur e.. haha.. tapi tetep jempol kok.. i love you mbah utiiii..
Nah, wis giliranku.. iki ki sik ehem banget.  Kon mubeng lapangan ping 3.. puteran 1.. aman.. puteran 2 wis mulai rodo helenger..
Puteran 3 wis.. ampuuuss booon..
Weleh jebul menggeh juga.. waktu tempuh ku 14,4 menit.. leren dilit.. bar kui mbalik asrama.. perjuangan mlaku meneh..
Tekan asrama langsung kok nonton daftar perhitungan bb ideal karo tingkat kebugaran..
Berat badanku ideal mblo.. wuhuuu.. piye keren to.. haha..
Tapi pas di cek nggon tingkat kebugaran.. hasil e : KURANG BUGAR
wkwk.. konyol iki.. gek opo iso2 ne..
Aku lho le mlayu nganti di belan2i ben gek uwis.. lha kok yo hasil e kurang bugar. Haha.. yawislah, arep piye meneh..
Trus bar kui di kumpulke di wehi pengarahan sithik.. piye harus e kita njogo awak.. opo meneh selama PPG bakal sibuk banget.. dadi indikator2 kui iso nggo alarm e kita piye kudu bertindak..
Dadi awak kui apik e kudu ideal lan bugar..
Ben ngopo?
Ben awak dewe iso menatap dan menjalani masa depan dengannya..
Gek opo, mblo!
Dadi intine, iki awak e dewe dadi kita kudu iso kenal, opo sik diperlokke awake dewe.. patut e piye..
Le nasehati mau ngene:
Ojo nganti, kita nyikso jantung , paru2 lan ginjal nganggo perilaku lan asupan sik keleru
Nek atine sik kesikso, ora popo berarti yak..
Badalah.. kui po meneh.. soyo ra oleh.. hahah.
Halah, yowis ngono kui lah cah.. ngasih puegel sikilku.. gek nu, bar mlayu2, sorene kanca2 ku do njaluk di keroki.. do masuk angin wkwk
Ha iki iso tak wehi tarif iki suwe2.. mayan nggo sangu to..
Sesuk isih ono aerobik lan poto KTM
Huwaaa.. siapke energi wae lah.. rep turu sik.. ben bugar sesuk isuk e.. semangaaaaat..
Salam Dhamay

Tidak ada komentar:

Posting Komentar